Minggu, 07 April 2013

Syair Gusdur (Tanpo Waton)


SYAIR GUSDUR,TANPO WATON

By,Cholies

ÉOó¡Î0 «!$# Ç`»uH÷q§9$# ÉOŠÏm§9$#

Astagfirullah robbal barooya
Astagfirullah minalkhotoya
Robbi zidni ilma nafia
Wawafiqni amalansolihah
 
Yarosulallah salamun alaik
Yarofi asyani wadariji
Atfatayaji ratalalami
Yauhailaljudi walkaromi 2X
 
Ngawiti ingsun  nglaras syiiran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino wengini tanpo pitungan 2 x
 
Duh  bolo konco Priyo wanito
Ojo mung ngaji syari`at bloko
Ngur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro 2x
 
Akeh kang apal qur`an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak di gateke
Yen isih kotor ati akale 2x
 
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atini peteng lan nisto 2x
 
Ayo sedulur  jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Ngo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine 2x
 
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune
Laku thorikot lan ma`rifate
Ugo hakikat manjing rasane 2x
 
Al qur`an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo 2x
 
Kumantil ati lan pikiran
Rasuk ing padang  kabeh jeroan
Mukjizat rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2x
 
Kelawan Allah kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati di riyadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x
 
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir sakeng pengeran 2x
 
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngesiyo
Iku sunahe rasul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito  2x
 
Ayo lakoni sekabehane
Allah  kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo makom drajate 2x
 
Laku palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah suargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2x